PARIKAN KANTHI TEMA COVID-19

Parikan iku salah sawijining puisi modern sing salah sijine patokan nganggo wirama.

ing pasinaon basa indonesia biasane kasebut pantun melayu.

Parikan sering uga karan puisi rakyat, amarga asring dienggo dening masyarakat kanggo gojegan (guyon).

 

Tuladha:

Yen arep ngarit, aja disambi turu.

Senajan lagi covid, kudu sregep sinau.

 

Bapak Nursahid menyang Malang

Muga-muga covid enggal ilang

 

Ing ngisor iki parikan karya siswa MTsN 2 Kota Kediri

Angela Salma 8B/15
Pitik wis sinana, padha menyang punogiri
Yen ana virus corona, kita kudu nyingkiri

 

Ahmad Kenzie Aryasatya 8B/1
Ana permen bruwang linggih
Dijarne suwi-suwi dirubung
Senajan ora isa pepanggih
Ati tetep sambung sinambung

 

Indy Roihatul Jannah 8b/20
Dolan nggone Ani, disuguhi panganan
Sajrone pandemi, kita kudu luwih resikan

 

Riezma Shifaul Arfina 27/8B
Paling enak mangan iwak teri
Teri dituku ing Pangandaran
Virus Corona nyoba nyingkiri
Mulaine kudu sregep ngumbah tangan

 

Faiza Kamila Rahmadiyanti 8B /17
Kancaku jenenge Nene
Omahe ana ing tengah lapangan
Eneke pandemi koyok ngene
Mestine kudu resikan

 

Minerva Lailia Az Zahra 8B/24
Sepedhahan ing pinggir dalan
Banjur kaget amarga ana walang
Ayo pada njaga keresikan lingkungan
Supaya corona enggal ilang

 

Moch Zidhan Reihan Cholis 8B/8
Adekku lagi mangan lemper
Yen metu aja lali gawe masker

 

Salwa Dwi Salsabila 8B/29
Mangan nasi ing tengah sawah
Mangsa pandemi aja metu omah

 

Daffa Jovian Rasendriya 8B/05
Tuku pangsit nang pasar
Iki lagi covid kudu seng sabar

 

Azriel fithrurrizqi kuswoyo/03/8B

Simbahku sampun sepuh
Saben dinand dhahar gedang
Ayo padha sregep isuh
Ben koronane cepet ilang

Rissa Arzetti/30/8F
Bal bekel bentuke bunder, yen tuku kudu nggawe duit.
Ayo kanca padha nggae masker, merga iki pandemi covid.

 

Aurelta Meisya Putri 18/8F
Menyang pasar tuku tampah
Ana cah cilik dolanan neker
yen arep metu saka omah
aja lali nganggo masker

 

Mohammad 'Isa 8F/10
Ana Buta Jenenge Rahwana
Dikalahne Ramayana Kae
Kanggo Nyegah Virus Corona
Ayo padha Ing Omah Wae

 

Zulfa lailatul muniroh (36)/8F
Nyang pasar tuku celana
Aja lali tuku peniti
Saiki musim corona
Mula kudu ngati-ngati

 

Dirga Mahardika 8F/06
Ana si mas sing lagi njarak

Njarak adine jenenge Nana
Ayo kanca padha njaga jarak
Ben ora kenek virus corona

 

Barca mar'ii 7f/03
Ana watu neng njero adah

Di jupuk i karo liana
Aja metu tekan omah
Merga iki lagi corona

 

Dara Puspita K.S/22/8F

Bapak ndelok realmadrid
Karo dhahar ketan
Merga lagi covid
Kudu jaga kesehatan

 

Defy Lestari 23/8F
Lunga pasar tuku ketan

Tengah dalan ketemu singa
Corona minangka peringatan
Aja ninggalke sholat lan dedunga
Vania Aulia Kalya 8F/35
Ning pasar tuku ketan
Tuku ketan sandingane gula jawa
Semprot kanggo disinfektan
Kanggo barang sing digawa

 

Soraya s.b 8F/33
Woh salak rasane sepet

Woh melon rasane seger
Yen kita kepengin slamet
Aja lali nganggo masker

 

Muhammad Afrizan Rasya 8F/11
Mlaku-mlaku tuku empang

Empange dienggo nggawe wajik
cara nyegahe gampang
Aja lali tansah wijik

Nayla Anisatul Kamila 8F/28
Tengah dalan ketemu Burhan

Pinggir dalan ketemu baya
Corona iku saka wuhan
Seng nyebar menyang negara liya

 

Abhista Athallah Dyfan 8C/01
Pipi gadis merah merona

Ngombe cendol campur ketan
Saiki usume virus corona
Mula ayo jaga kesehatan

Ayfaa Hafni Khansasy 8C/19
tuku emas limang karat

tukune ing pasar pinggir dalan
yen sampeyan isih pengin sehat
Aja lali terus ngumbah tangan

 

Athaya Laudza Hayrin/18/8C
Wingi wengi ana udan, sesok rasah nggolek jalak

Kudu sregep mbasuh tangan, aja lali njaga jarak

Evan Syah Alam 8C/06
Mas Rasyid nyang kutha Pati

Nggawa oleh-oleh jangan-janganan
Wayahe covid kudu ngati-ati
Gawe masker lan cuci tangan

Farida Wafiq Azizah (8C/25)
Pak Slamet mangan sate, sawise kuwi untune disikat.

Sekolah saka omah wae, supaya corona cepet minggat

 

Kharisma Nifa Nur `Aini 27/8C
Pak budi Tuku klambi,
Klambine gambare rambutan.
Virus covid pancen mbebayani,
Mulani Adewe kudu njaga keresikan.

 

Qurrota A'yuni L 8C/29
Budhal menyang pasar tuku lemper
Ning tengah dalan ketemu Gilang
Aja lali nggawe masker
Supaya corona ilang

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Komentar pertamaku untuk om jay