Tepungan (kenalan)
Tepungan (Kenalan) Ayo diwiwiti pepanggihan dina iki kanthi tepungan ( kenalan ) Ancas tujuane 1. Supaya bisa nyerat nganggo tulisan latin basane basa jawa. 2. Nganggo unggah-ungguh kang trep. Tuladha: Ass. Wr. Wb. Nak.. Ditepungake jenenge ibu Tatik anisatul Mudayaroh, M.Pd. Ibu wis mulang ing MTsN 2 (loro) kutha Kediri kene wiwit taun 1998 (sewu sangangagtus sangangpuluh wolu) , lairku taun 1975 (sewu sangangatus pitung puluh lima) , putrane ibu ana 2 (loro) lanang lan wadon. Sing lanang wis umur 19 (sangalas) taun lan sing wadon isih umur 13 (telulas) taun. Cukup semene wae tepungane karo bu Tatik, menawa ana kang pingin kok ngerteni pareng matur ing komen. Wss. Wr.Wb. Sawise maos seratane bu tatik ing ndhuwur, kang kudu kok jingglengi yaiku sepisan unggah-ungguhe, yen bu tatik kala-kala ngganggo basa karma amarga mernahake marang sliramu. Lha sliramu saiki blajar matur tepungan karo bu tatik migunakake ungga...