Postingan

Menampilkan postingan dari September, 2020
PARIKAN KANTHI TEMA COVID-19 Parikan iku salah sawijining puisi modern sing salah sijine patokan nganggo wirama. ing pasinaon basa indonesia biasane kasebut pantun melayu. Parikan sering uga karan puisi rakyat, amarga asring dienggo dening masyarakat kanggo gojegan (guyon).   Tuladha: Yen arep ngarit, aja disambi turu. Senajan lagi covid, kudu sregep sinau.   Bapak Nursahid menyang Malang Muga-muga covid enggal ilang   Ing ngisor iki parikan karya siswa MTsN 2 Kota Kediri Angela Salma 8B/15 Pitik wis sinana, padha menyang punogiri Yen ana virus corona, kita kudu nyingkiri   Ahmad Kenzie Aryasatya 8B/1 Ana permen bruwang linggih Dijarne suwi-suwi dirubung Senajan ora isa pepanggih Ati tetep sambung sinambung   Indy Roihatul Jannah 8b/20 Dolan nggone Ani, disuguhi panganan Sajrone pandemi, kita kudu luwih resikan   Riezma Shifaul Arfina 27/8B Paling enak mangan iwak teri Teri dituku ing Pangandaran Virus Corona nyoba nyingkiri Mulaine kudu sregep ...
 Ayo nak blajar nggawe parikan Parikan iku salah sawijining puisi modern sing salah sijine patokan nganggo wirama. ing pasinaon basa indonesia biasane kasebut pantun melayu. Parikan sering uga karan puisi rakyat, amarga asring dienggo dening masyarakat kanggo gojegan (guyon). Ayo blajar nggawe parikan  Temane "Covid-19" Tuladha: Yen arep ngarit, aja disambi turu. Senajan lagi covid, kudu sregep sinau.   Bapak Nursahid menyang Malang Muga-muga covid enggal ilang Tugasmu nggawe parikan! Temane "Covid-19" aja lali nyerat jeneng lengkap, kelas lan nomer absen