PARIKAN KANTHI TEMA COVID-19
Parikan iku salah
sawijining puisi modern sing salah sijine patokan nganggo wirama.
ing pasinaon basa
indonesia biasane kasebut pantun melayu.
Parikan sering uga
karan puisi rakyat, amarga asring dienggo dening masyarakat kanggo gojegan
(guyon).
Tuladha:
Yen arep ngarit, aja
disambi turu.
Senajan lagi covid,
kudu sregep sinau.
Bapak Nursahid menyang
Malang
Muga-muga covid enggal
ilang
Ing ngisor iki parikan karya siswa MTsN 2 Kota
Kediri
Angela Salma 8B/15
Pitik wis sinana, padha menyang punogiri
Yen ana virus corona, kita kudu nyingkiri
Ahmad Kenzie Aryasatya 8B/1
Ana permen bruwang linggih
Dijarne suwi-suwi dirubung
Senajan ora isa pepanggih
Ati tetep sambung sinambung
Indy Roihatul Jannah 8b/20
Dolan nggone Ani, disuguhi panganan
Sajrone pandemi, kita kudu luwih resikan
Riezma Shifaul Arfina
27/8B
Paling enak mangan iwak teri
Teri dituku ing Pangandaran
Virus Corona nyoba nyingkiri
Mulaine kudu sregep ngumbah tangan
Faiza Kamila Rahmadiyanti
8B /17
Kancaku jenenge Nene
Omahe ana ing tengah lapangan
Eneke pandemi koyok ngene
Mestine kudu resikan
Minerva Lailia Az Zahra
8B/24
Sepedhahan ing pinggir dalan
Banjur kaget amarga ana walang
Ayo pada njaga keresikan lingkungan
Supaya corona enggal ilang
Moch Zidhan Reihan Cholis
8B/8
Adekku lagi mangan lemper
Yen metu aja lali gawe masker
Salwa Dwi Salsabila 8B/29
Mangan nasi ing tengah sawah
Mangsa pandemi aja metu omah
Daffa Jovian Rasendriya
8B/05
Tuku pangsit nang pasar
Iki lagi covid kudu seng sabar
Azriel fithrurrizqi kuswoyo/03/8B
Simbahku sampun sepuh
Saben dinand dhahar gedang
Ayo padha sregep isuh
Ben koronane cepet ilang
Rissa Arzetti/30/8F
Bal bekel bentuke bunder, yen tuku kudu nggawe
duit.
Ayo kanca padha nggae masker, merga iki pandemi
covid.
Aurelta Meisya Putri 18/8F
Menyang pasar tuku tampah
Ana cah cilik dolanan neker
yen arep metu saka omah
aja lali nganggo masker
Mohammad 'Isa 8F/10
Ana Buta Jenenge Rahwana
Dikalahne Ramayana Kae
Kanggo Nyegah Virus Corona
Ayo padha Ing Omah Wae
Zulfa lailatul muniroh
(36)/8F
Nyang pasar tuku celana
Aja lali tuku peniti
Saiki musim corona
Mula kudu ngati-ngati
Dirga Mahardika 8F/06
Ana si mas sing lagi njarak
Njarak adine jenenge Nana
Ayo kanca padha njaga jarak
Ben ora kenek virus corona
Barca mar'ii 7f/03
Ana watu neng njero adah
Di jupuk i karo liana
Aja metu tekan omah
Merga iki lagi corona
Dara Puspita K.S/22/8F
Bapak ndelok realmadrid
Karo dhahar ketan
Merga lagi covid
Kudu jaga kesehatan
Defy Lestari 23/8F
Lunga pasar tuku ketan
Tengah dalan ketemu singa
Corona minangka peringatan
Aja ninggalke sholat lan dedunga
Vania Aulia Kalya 8F/35
Ning pasar tuku ketan
Tuku ketan sandingane gula jawa
Semprot kanggo disinfektan
Kanggo barang sing digawa
Soraya s.b 8F/33
Woh salak rasane sepet
Woh melon rasane seger
Yen kita kepengin slamet
Aja lali nganggo masker
Muhammad Afrizan Rasya 8F/11
Mlaku-mlaku tuku empang
Empange dienggo nggawe wajik
cara nyegahe gampang
Aja lali tansah wijik
Nayla Anisatul Kamila 8F/28
Tengah dalan ketemu Burhan
Pinggir dalan ketemu baya
Corona iku saka wuhan
Seng nyebar menyang negara liya
Abhista Athallah Dyfan
8C/01
Pipi gadis merah merona
Ngombe cendol campur ketan
Saiki usume virus corona
Mula ayo jaga kesehatan
Ayfaa Hafni Khansasy 8C/19
tuku emas limang karat
tukune ing pasar pinggir dalan
yen sampeyan isih pengin sehat
Aja lali terus ngumbah tangan
Athaya Laudza Hayrin/18/8C
Wingi wengi ana udan, sesok rasah nggolek jalak
Kudu sregep mbasuh tangan, aja lali njaga jarak
Evan Syah Alam 8C/06
Mas Rasyid nyang kutha Pati
Nggawa oleh-oleh jangan-janganan
Wayahe covid kudu ngati-ati
Gawe masker lan cuci tangan
Farida Wafiq Azizah (8C/25)
Pak Slamet mangan sate, sawise kuwi untune
disikat.
Sekolah saka omah wae, supaya corona cepet minggat
Kharisma Nifa Nur `Aini
27/8C
Pak budi Tuku klambi,
Klambine gambare rambutan.
Virus covid pancen mbebayani,
Mulani Adewe kudu njaga keresikan.
Qurrota A'yuni L 8C/29
Budhal menyang pasar tuku lemper
Ning tengah dalan ketemu Gilang
Aja lali nggawe masker
Supaya corona ilang
Mantab....
BalasHapus