Postingan

  W is tau   Kok gawe mesem Wis tau Kok gawe seneng Wis tau Kok manja Wis tau Kok sayang Wis tau Kok halalake Wis tau Kok jak nikmati ngibadah marang gusti Uga wis tau   Isaku saiki mung isa matur Wis tau Dak eling-eling neng telenging nalaku Mbiyen Saiki Nganti mbesuk   Dongaku mung siji Panggih ing Swarga lokane Gusti kang murbeng dumadi Kediri, 13122020
PARIKAN KANTHI TEMA COVID-19 Parikan iku salah sawijining puisi modern sing salah sijine patokan nganggo wirama. ing pasinaon basa indonesia biasane kasebut pantun melayu. Parikan sering uga karan puisi rakyat, amarga asring dienggo dening masyarakat kanggo gojegan (guyon).   Tuladha: Yen arep ngarit, aja disambi turu. Senajan lagi covid, kudu sregep sinau.   Bapak Nursahid menyang Malang Muga-muga covid enggal ilang   Ing ngisor iki parikan karya siswa MTsN 2 Kota Kediri Angela Salma 8B/15 Pitik wis sinana, padha menyang punogiri Yen ana virus corona, kita kudu nyingkiri   Ahmad Kenzie Aryasatya 8B/1 Ana permen bruwang linggih Dijarne suwi-suwi dirubung Senajan ora isa pepanggih Ati tetep sambung sinambung   Indy Roihatul Jannah 8b/20 Dolan nggone Ani, disuguhi panganan Sajrone pandemi, kita kudu luwih resikan   Riezma Shifaul Arfina 27/8B Paling enak mangan iwak teri Teri dituku ing Pangandaran Virus Corona nyoba nyingkiri Mulaine kudu sregep ngumbah tangan   Faiza Kamila
 Ayo nak blajar nggawe parikan Parikan iku salah sawijining puisi modern sing salah sijine patokan nganggo wirama. ing pasinaon basa indonesia biasane kasebut pantun melayu. Parikan sering uga karan puisi rakyat, amarga asring dienggo dening masyarakat kanggo gojegan (guyon). Ayo blajar nggawe parikan  Temane "Covid-19" Tuladha: Yen arep ngarit, aja disambi turu. Senajan lagi covid, kudu sregep sinau.   Bapak Nursahid menyang Malang Muga-muga covid enggal ilang Tugasmu nggawe parikan! Temane "Covid-19" aja lali nyerat jeneng lengkap, kelas lan nomer absen

Tepungan (kenalan)

Gambar
Tepungan (Kenalan) Ayo diwiwiti pepanggihan dina iki kanthi tepungan ( kenalan ) Ancas tujuane 1.    Supaya bisa nyerat nganggo tulisan latin basane basa jawa. 2.  Nganggo unggah-ungguh kang trep. Tuladha: Ass. Wr. Wb.  Nak.. Ditepungake jenenge ibu Tatik anisatul Mudayaroh, M.Pd. Ibu   wis mulang ing MTsN 2 (loro) kutha Kediri kene wiwit taun 1998 (sewu sangangagtus sangangpuluh wolu) , lairku taun 1975 (sewu sangangatus pitung puluh lima) , putrane ibu ana 2 (loro) lanang lan wadon. Sing lanang wis umur 19 (sangalas) taun lan sing wadon isih umur 13 (telulas) taun. Cukup semene wae tepungane karo bu Tatik, menawa ana kang pingin kok ngerteni pareng matur ing komen. Wss. Wr.Wb. Sawise maos seratane bu tatik ing ndhuwur, kang kudu kok jingglengi yaiku sepisan unggah-ungguhe, yen bu tatik kala-kala ngganggo basa karma amarga mernahake marang sliramu. Lha sliramu saiki blajar matur tepungan karo bu tatik migunakake unggah-ungguh kang trep. wa

Komentar pertamaku untuk om jay

Om Jay yang luar biasa… Semangat berbagi ilmunya patut diacungi jempol. Gak hanya jempol saya pribadi seluruh peserta webinar mestinya. Saya sebagai peserta sebenarnya tidak tau dibalik kesuksesan Om Jay menyampaikan materi ternyata ada drama persiapan yang menginspirasi saya. Tetap semangat Om Jay… Memang benar kata prof. Suhono, “kadang kita harus terpaksan dan dipaksa untuk bisa” Inilah saya saat ini, saya terpaksa menulis karena dipasa grup belajar menulis gel 11 untuk menulis komentar. Apapun hasilnya komentar saya ini, akhirnya saya menjadi bisa! Matur nuwun (Terima Kasih) Om Jay…